Sejarah Desa Giriharjo

Administrator 15 Juli 2019 11:21:06 WIB

Kademangan Panggang

Panggang minangka padusunan ingkang rikala semanten dados kademangan dipun asta Kyai Demang Wiryadipo, rikalanipun babad Sukowati inggih sejarah Raden Mas Sujono memengsahan lumawan kumpeni pikantuk pambiyantu  Adipati Wiryonegoro saking Madiun. Anggenipun memengsahan lumawan kumpeni kadipaten Madiun kabesmi, pramila kathah para nayaka, kulawarga Adipati sami keplayu.

Kartotaruno salah satunggalipun putra anggenipun keplayu arah mangilen ngantos dumugi papan kangge cumondok lan bebadra sak kulowarga pados kawilujengan. Pramila papan rikala semanten katelah Playen saking tembung playon ngantos kagungan putra cacah pitu ingkang pemabajeng Carang Wilis.

Carang Wilis ingkang lantip lan pinter rikalanipun dewasa kaparingan pedamelan minangka juru tulis wonten perkebunan tembakau ing Piyungan. Saking dhawuhipun Ngarsa Dalem Sultan Hamengku Buwono III/IV  kadhawuhan damel tentrem ing wilayah kilen ingkang nami dusun Panggang.

Karana saged damel tentrem ing wilayah Panggang pramila kaparingan kalenggahan Demang kanthi asma Wiryodipo.

Demang Wiryodipo minangka priyantun ingkang cikal bakal babad desa Panggang ngantos sak surudipun, pramila bumi ingkang kagem pasareyanipun kagunganipun piyambak, ingkang sakpunika sabagean kalebet kas desa. Kyai Demang Wiryodipo kagungan garwa cacah 4 (sekawan) satunggal saking Cuwela, angka kalih boten gadhah turun, wondene garwa kaping tiga Bendara Raden Ayu Lestari ingkang nurunaken Kyai Kartorejo sak lajengipun kaparingan kalenggahan Lurah sepisanan ing Panggang, wondene garwa kaping sekawan ingkang nurunaken trah dumugi Pampang,Panggang lan Pejaten.

Wondene lenggahipun utawi tabonipun ing wilayah Panggang III wiwit sak kilen margi ageng arah Imogiri mengilen ngantos lapangan ingkang sapunika kabangun Masjid mengaler. Pramila sak surutipun Mbah Demang Wiryodipo ka sarekaken ing buminipun piyambak ingkang ka apit garwanipun wondene sareyan/makam  sak punika dados pemakaman umum (makam Sarilaya) miturut tutur pinisepuh bilih siti lenggahipun Kyai Demang Wiryodipo punika wiwit lapangan Panggang mangetan dumugi pratigan arah Imogiri  mengaler dumugi makam Wadhang.

Miturut tutur saking para  pinisepuh rumiyin Kyai Demang Wiryodipo pinangko priyantun ingkang kagungan kasekten ingkang linuwih (pasareyanipun asring katingal murub ngedalaken latu ing malem selasa kliwon lan malam jum’at kliwon) kathah para kasepuhan ingkang sami ngalab berkah minangka papan medhitasi ing pasareyan.

Urut – urutanipun Lurah sak sampunipun Kademangan

1. Kartorejo

Kanthi lelandhesan Isining Salinan Rijksblad Van Jogjakarta Tahun 1916 bab paprintahan anyar kabupaten Gunungkidul Pranate Pepatih dalem   Dhawuhing Nagara Ngayogyakarta katitimangsa ping 14 Rejeb tahun Je angka 1846 utawa ping 17 Mei 1916 ingkang katandan Pangeran Harya Kadipaten Danurejo, lan Kang nyumurupi bupati patih Kepatihan Katandan Raden Tumenggung Suradiningrat.

Dene isinipun bilih Gunungkidul minangka Kabupaten, Playen minangka Distrik, Panggang minangka Onderdistrik bawahaken sadaya kalurahan ing wewengkon Panggang kalebet kademangan Panggang.

Saking 13 kalurahan,  kalurahan  Panggang kapimpin dening lurah kapisan Eyang/ Mbah Kartorejo  ingkang dalem utawi tabonipun ing Kayuapak inggih tabonipun mbah Demang Wiryodipo. Mbah Kartorejo lurah ingkang kagungan bakat dalang.

2. Wongsosupoyo

Sak surutipun KyaiKartorejo kagantos Kyai Wangsosupoyo ingkang pidalem saking Playen lan pinangka Lurah kaping kalih sak sampunipun ngasta lurah lajeng pidalem ing Panggang dusun Ngrejek.

Kyai Wongsosupoyo pinangka lurah ingkang setya ing sanak kadang badea tebih pinangkanipun tetep dipun lampahi kanthi laku tindak.

Kyai Wongsosupoyo ngasta lurah dumugi tahun 1942, lajeng kagantos taksih rayiipe  asmanipun Bapak Sukar ingkang taksih wayahipun Kyai Kartorejo saksampunipun ngasta lurah asmanipun dados Kartosuwandi.

Lurah desa kala samanten kabiyantu ing antawisipun :

  1. Kamituwa ingkang sakmenika wakil Lurah
  2. Kebayan ingkang sakmenika RT
  3. Jogoboyo sakmenika Keamanan
  4. Ulu2 sakmenika Kemakmuran
  5. Juru tulis sakmenika Carik
  6. Kaum sakmenika Kesra

Ing tahun 1946 sadaya pembantu lurah kenging aturan pembangunan perangkat / ganti :

  1. Carik
  2. Kemakmuran
  3. Keamanan
  4. Sosial
  5. Igama

3. Harjosukarto 1942 - 1980

Asma timuripun Sukar saksampunipun ngasto lurah lajeng asmanipun gantos Kartosuwandi.

Tutur  saking Rama Pujoko Jorong rikala tahun 1947 sadaya kalurahan ing onderdistrk Panggang kausulaken kanthi sesebutan Giri ingkang mengku teges Gunung, harjo werdinipun supados para warganipun pinanggih karaharjan/kaslametan.Pranatan punika ka undanganaken wiwit wontenipun UU No 22 Tahun 1948 sadaya  kalurah ing wewengkon Daerah Istimewa Yogyakarta kalebet kalurahan Panggang dipun gantos naminipun ngagem Giri lan Lurahipun ngagem asma tambahan Harjo.Dene kalurahan Panggang kagantos dados Giriharjo kaasta Bapak Lurah Harjosukarto pinangka Lurah ingkang kaping tiga kapernah putu/wayah mbah Kartorejo pidalem ing Banyumeneng ingkang ugi kagungan bakat dalang utawi nglampahaken ringgit purwa.

Harjosukarto priyantun ingkang boten isinan badea ngasta lurah nanging wekdal semanten taksih rekaos menggahing ekonomi, pramila dipun lampahi damel/natah  ringgit purwo lajeng kasade kangge nyekapi kabetahan gesang ing brayat (nyunggi tumpukan ringgit).

Tutur brayat bilih rekaosing panggesangan pramila kangge nyambung gesang kulowarga garwa lurah nyambi sesadeyan dhawet, lemet, empleng-empleng rikala semanten mapan ing dusun Plasa Banyumeneng.

Harjosukarto tumrap brayat/kulawargo priyantun ingkang keras, gampil muring ing sadengah papan boten ngemungaken ing dalem punapa dene ing kalurahan.

Rikala tahun 1980 kanthi aturan enggal bilih lurah kapilih dening rakyat pramila kaadani pilihan lurah desa Giriharjo, ingkang kapilih Suparman ingkang pidalem saking Banyumeneng II

4Suparman (1980 – 1998)

Suparman pinangka lurah ingkang kaping sekawan rilkala kawontenaken pilihan lurah desa tahun 1980 – 1998

5. Istandi (1998-2014)

Istandi pinangka Kepala Desa ingkang kaping gangsal anggenipun ngasta Kepala Desa ngantos tigang pereode kanthi nenggo aturan enggal lan pilihan lurah kanthi sesarengan ing wilayah Daerah Istimewa Yogyakarta.

6. Sarjiya (2014-2015)

Sarjiyo Pinanhka Pj. Kepala Desa Giriharjo pinangkanenggo Kepala Desa ing kang resmi kapilih.

7. Endah Setyawati (2015)

Endah Setyawati pinangka Pj. Kepala Desa Giriharjo pinangka panerusipun Pj ingkah kapengker amargi Pj Kepala Desa kedah saking unsur Sekretaris Desa

8. Aris Eko Widiyanto, S.sos (2015-sekarang)

Aris Eko Widiyanto, S. Sos dados  Kepala Desa Giriharjo periode 2015-2021. Ngelampahi pawiyatan wonten ing Gadjah Mada yogyakarta.

Ing tahun 2017 sadaya pembantu Kepala Desa kenging aturan pembangunan perangkat / ganti :

  1. Sekretaris Desa
  2. Kaur Umum lan TU
  3. Kaur Perencanaan
  4. Kaur keuangan
  5. Kasi Kesejahteraan
  6. Kasi Pelayanan
  7. Kasi pemerintahan 
  8. Dukuh
  9. Sfat 
  10. Tenaga Harian Lepas